DHUHKITANING TYAS


DHUHKITANING TYAS

Hangelangut tanpo pagut
Sajroning kayun kang kanyut
Pindho samudro dat tanpo tepi
Pawono ing madyaning hasamun

Datan pono praniweng tyas
Prono kawastra dening pedhut lelimengan
Kamakutho ing katresnan kang tumibeng pati
Sliramu …kang sulistyeng warni

Nadyan aku …lagyo hanawung sungkowo
Jroning ati …tan kendhat ing pamuji
Mugyo Gusti Kang Murbeng Dumadi
Tansah paringo husodo ing ngasepi

Dhuh ….yayi ……..
Esemmu kang pait madu
Sunaring netramu kang kumenyar…….
Kabeh mahu tan biso dak laleake
Datan sirno jroning kalbu
Aku kang lagyo kayungyun

Wardoyo …kabiwondho dening roga
Bawono koyo ndhedhet madyaning ratri
Soroting basonto tan biso hanelahi …
Pandaming kartiko ugo datan hamaesi wengi
Sunaring Pratonggopati tuhu tan biso paring husada


Lajuning maruto hanglintrih ….
Kadyo wanuh marang rudhitaning atiku…..
Kang  kajuwing – juwing …….. dening kahanan
Ponang dhodho lir  …jinojoh Naggolo
Suksmaku nglamboro …… jroning ngasamun
Arso hangupadi katresnan kang sirno

Dhuh ….Hywang Widhi Kang Moho Wikan …….
Dhateng pundi kulo kedhah …..hangupadi katresnan kulo..?
Kados pundi kulo saged Waluyo Jati temah Jati Waluyo…
Yen… raos tresna salebeting prono puniki….
Tansah hamulat – mulat  yayah Praboto Aghni…

Dhuh …..Gusti Hywang Amanon …
Mbenjang nopo ….. kulo kepanggyan  kusumaning tyas …
Sahinggo paring husada mring roga kulo Gusti…..
Pindho lumampah ing dalu kapapag ing obor sewu
Lir katigo  kang ketaman ing mangsa riris
Dupi kulo saged pinanggih Retnaning galih 
Kang dados pepujaning ati …….tuhu kekudanganing kalbu

Nanging… aku tansah setyo tuhu marang katresnanku …..
Aku tansah setyo marang sliramu ….wong ayu
Nadyan maburo ulo tapak angin …….silemo ing samudro dahono
Punjulo ing apapak.. mbarojolo ing akerep ……
Roso Tresno iki …tan kenaning pati

          7 Juli 2005

K G P H

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Beri Saran/Kritik disini Untuk Kelengkapan dan Kebaikan Blog Ini