LUKITANING ASMORO


LUKITANING ASMORO


Rep … sidhem prabhawaning ratri
Tan ono sabawaning walang ngalisik
Gegodhongan tan ono obah
Samirono datan lumampah

Amung wengi kang  ngemuli jagad
Mowo tis  kairing ngasepi
Binarung sunaring sosodoro kang hangglar padhang
Dupi wahyaning madyaratri

Kawistara saking mandrawa
Soroting condro tumibeng karang kitri
Weh wimbuh lingseming ati
Kang tuhu lagyo hanawung asmoro

Tansah katon jroning asamun….
Sunaring netramu kang ngemu tejo
Rikma satraju kang mowo cahyo
Ugo esemmu…kang tansah kagurit jroning wardoyo

Nadyan maewu – ewu sumirating sudomo
Gilaring netro sang hywang pratonggopati
Soho sunaring basonto kang hanelahi jagad
Nanging …… datan ono sawiji

Kang arso ngleliru mring sulistyeng warni
Kang hangembari endahing katresnan iki
Nadyan punjul ing apapak mbarojol ing akerep
Kasampyuk ing aratan kabentus ing awang – awang
Tresno iki tan kenaning pati ……….


                 Nuwun…… anggen kawulo hangripta geguritan ing kalenggahan samangke, hanamung kawulo aturaken dhumateng panjenengan ingkang dados kusumaning tyas kekudanganing kalbu nuwun inggih ……. Panjenenganipun Rara Ayu Rudhatie ingkang sulistyo ing warna kadhahat kalinggo murdhaning akrami mugi sagedo paring lejaring nolo kang lagyo hanawung sungkowo,  menawi kirang handadosaken suko renaning galih … kawulo ngaturaken sih gunging samudra pangaksama. Nuwun ……. Sumonggo tansah memuji dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi Kanthi sesanti :
“ Jaya – Jaya Wijayanti tinebihno ing siku dhendho cinaketno ing toyaning ngaksomo “





K G P H

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Beri Saran/Kritik disini Untuk Kelengkapan dan Kebaikan Blog Ini